Neng mbatin, rasane madan sedih ora bisa melu nyoblos, tapi enyong neng kene mung bisa urun donga nggo bumi ngapake enyong tercinta. Sapa bae rika sing dadi bupati mengkone, ora akeh-akeh, ora muluk-muluk. Enyong mung njaluk, Banyumas tetep dadi panggonan sing adhem, sing tetep bisa dadi umah sing nggawe ayem keluarga sing bar bali sekang rantau. Banyumas ora perlu di geber ben dadi kota metropolitan. Majukna baen pariwisatane ben duit mlebu ming daerah tambah akeh. Aja kelalen, tetep ngrangkul wong cilik, merga enyong ngrasakna dhewek urip sekang keluarga wong cilik. Kepriwe baen, jenenge daerah bisa di omong maju nek bisa ngragadi tur nggawe sejahtera wargane, ora usah muluk-muluk, asal pedangan bisa tetep kemebul, asal esih bisa nyanding sega tahu tempe neng piring.
Enyong ndonga, moga-moga Banyumas dadi tambah asri, wis ngerti dhewek bumi kiye wis tua, wis mriyang neng ngendi ora, lha kerepku, Banyumas bisa tetep nguri-uri ijone bumi kiye. Mbok wis aja sekarepe wudele dhewek mbabad alas nggawe Banyumas dadi gedung-gedung sing pada nganti sundul langit.
Jujur sekang batin, enyong ora bangga nek Banyumas dadi serba modern ( ninggalna budaya tradisional ). Perubahan kuwe perlu, malah bangeting dibutuhna. Tapi, karepku aja sing muluk2, warga ngapak wis krasa ayem nek wong ndhuwur gelem rangkulan bareng2 karo wong cilik mbangun Banyumas sesue karepe wargane padha.
Wis, kayane tah kuwe pengarepane enyong nggo kotane enyong tercinta. Semoga dadi lewih apik ketimbang sedurunge, gegayuhan wargane bisa kasembadan. Aamiin..
Jogja, 20 Pebruari 2013
No comments:
Post a Comment